NGAWEKANI AKEHE INFORMASI

TEKS IKLAN



Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang di tawakake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan iklan tulis. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho bisa uga kacithak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayate TV lan Radhio.

• Unsur-unsur Iklan
  1. Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake,
  2. Pihak utawa pawongan kang masang,
  3. Alamate sing masang
  4. Kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kang di tawakake.

• Titikane basa iklan yaiku :
Migunakake slogan,
Ukurane persuasi utawa mbujuk wong Liya,
Migunakake subjek wong kapisan.

• Nulis teks iklan
a. Sing dituju kudu cetha,
b. Sing ngirim kudu cetha,
c. Barang/jasa sing ditawakake kudu cetha,
d. Narik kawigaten sing maca,
e. Nuwuhake rasa pengin tuku,
f. Nggunakake slogan sesanti

• Nyuguhake teks iklan
   Maca teks iklan tegese menehake informasi marang wong liya. Supaya isine bisa di tampa kanthi wutuh dening pamireng,becike nggatekake Babagan ing ngisor Iki:
- paham isine iklan. Kalebu basa uga pangucape
- swara sarta pangucaping Tembung kudu cetha lan trep.
- menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake.



Komentar

Posting Komentar