KATRESNAN KANG SEJATI

CRITA RAKYAT




A. Pangerten crita rakyat

     Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, kan sapiturute. Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah.

B. Unsur pambangun crita takyat

Tema yaikupokok permasalahan ing sajroning crita.

Latar (setting) yaiku papan panggonan,wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita.

Penokohanyaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita.

Alur yaiku urut-urutane Prastawa ing crita.

Sudhut pandhang yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan,wong kapindho, utawa wong katelu.

Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.


C. Titikane crita rakyat

  • Panyebarane kanthi lesan
  • duweni sipat tradisional
  • Sugih cakrik lan variasi
  • Jenenge pangriptane ora konangan
  • Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane


D. Piwulang utawa nilai-nilai

    Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai nilai, antarane yaiku nilai budaya kang nduweni gegayutan Karo pamikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa. Nilai sosial kang nduweni gegayutan Karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan Nilai moral kang nduweni gegayutan Karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa kan masyarakate.


E. Mupangate crita rakyat
  • Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem,seneng uga menehi hiburan.
  • Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita.
  • Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
  • Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
  • Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.
F. Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom
  1. Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kadadeyan. Tuladhane crita nyi Rara kidul.
  2. Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kadadeyan,biyasane crita mau ana petilasan arupa watu,gunung kali,lan sapanunggale. Tuladhane Rara Jonggrang.
  3. Dongeng yaiku crita kang ngayawara kan ora bisa dipercaya. Tuladhane keong mas.
   

Komentar

Posting Komentar