Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2020

ALAM SAWEGUNG

Gambar
GEGURITAN Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket Deming paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane Kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae. Isine teks geguritan lan niteni perangane   Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor Iki. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni. Nggatekake ubungane larik siji kan sijine, banjur menehi tandha ngaso(/) utawa sigeg (//). Golekana teges tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha kan bisa di temokake karepe. Apa Bedane dening Sudi Yatmono Apa bedane prosa karo puisi Bedane ana ati Apa bedane ati karo gori Bedane mung prakara bumbune Bedane ...

TONTONAN BUDAYA JAWA

Gambar
TEKS EKSPOSISI Tontonan wayang kang padatan sinebut pagelaran, mujudaken kombinasi harmonis saking maneka unsur kesenian. Unsur kasebut ing antarane unsur barang lan manungsa. Kang kalebu unsur barang yaiku ubarampe sarta sarana kang digunakake ing pagelaran wayang kulit (wayang kang kagawe saka kulit lembu, kelir, debog, gamelan, keprak, kepyak, kotak wayang, cempala, lan blencong). Dene unsur manungsa yaiku pawongan kang nyengkuyung gumelare seni pagelaran wayang kulit (dalang, penyimping, niyaga, waranggana). Pagelaran seni budaya kang ana ing Jawa ora mung wayang kulit. Ana uga wayang wong, kethoprak, ludruk, jaranan kan tayub. Senajan jaman saya maju kan pertunjukan seni modern sansaya akeh, ananging pagelaran-pagelaran seni budaya Jawa kasebut isih ngrembaka tumekane Saiki. Teks eksposisi babagan tontonan Eksposisi mujudake sawijining teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya pamaos oleh informasi kang ganep sabanjure bisa ngrembakake pangertene sing maca...

NGAWEKANI AKEHE INFORMASI

Gambar
TEKS IKLAN Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang di tawakake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan iklan tulis. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho bisa uga kacithak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayate TV lan Radhio. • Unsur-unsur Iklan Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake, Pihak utawa pawongan kang masang, Alamate sing masang Kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kang di tawakake. • Titikane basa iklan yaiku : Migunakake slogan, Ukurane persuasi utawa mbujuk wong Liya, Migunakake subjek wong kapisan. • Nulis teks iklan a. Sing dituju kudu cetha, b. Sing ngirim kudu cetha, c. Barang/jasa sing ditawakake kudu cetha, d. Narik kawigaten sing maca, e. Nuwuhake rasa pengin tuku, f. Nggunakake slogan sesanti • Nyuguhake teks iklan  ...

KATRESNAN KANG SEJATI

Gambar
CRITA RAKYAT A . Pangerten crita rakyat      Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen, kan sapiturute. Tumraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah. B. Unsur pambangun crita takyat Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Latar  (setting) yaiku papan panggonan,wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Penokohanyaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut-urutane Prastawa ing crita. Sudhut  pandhang yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan,wong kapindho, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca. C. Titikane crita rakyat ...