TONTONAN BUDAYA JAWA

TEKS EKSPOSISI




Tontonan wayang kang padatan sinebut pagelaran, mujudaken kombinasi harmonis saking maneka unsur kesenian. Unsur kasebut ing antarane unsur barang lan manungsa. Kang kalebu unsur barang yaiku ubarampe sarta sarana kang digunakake ing pagelaran wayang kulit (wayang kang kagawe saka kulit lembu, kelir, debog, gamelan, keprak, kepyak, kotak wayang, cempala, lan blencong). Dene unsur manungsa yaiku pawongan kang nyengkuyung gumelare seni pagelaran wayang kulit (dalang, penyimping, niyaga, waranggana). Pagelaran seni budaya kang ana ing Jawa ora mung wayang kulit. Ana uga wayang wong, kethoprak, ludruk, jaranan kan tayub. Senajan jaman saya maju kan pertunjukan seni modern sansaya akeh, ananging pagelaran-pagelaran seni budaya Jawa kasebut isih ngrembaka tumekane Saiki.

Teks eksposisi babagan tontonan
Eksposisi mujudake sawijining teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya pamaos oleh informasi kang ganep sabanjure bisa ngrembakake pangertene sing maca. Bab kang diandharake ing tekeksposisi bisa awujud:
  1. Dhata faktual, yaiku sawijining kahanan kang nyata ana, kan bisa di critakake kanthi cetha.
  2. Sawijining analisis utawa penafsiran objektif sawijining fakta.
  3. Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.


Titikane teks eksposisi:
  1. Ngandharake panemu utawa gagasan,
  2. Nuduhake kahanan sanyatane,
  3. Nggunakake analisis lan sintesis,
  4. Sumber ide bisa saka pengalaman,sikap, utawa keyakinan.
Struktur teks eksposisi:
  1. Tesis (pambuka) isine panemu saka panyerat ngenani perkara kang arep diandharake,
  2. Argumentasi (isi) andharan dikantheni bukti, alesan, saka panemu kang wus diandharake ing perangan tesis,
  3. Panutup utawa penegasan ulang kang isine nguwatake maneh argumen adhedasar bukti kang wis di andharake ing perangan argumentasi.


Nulis teks eksposisi:
Urutan carane gawe teks eksposisi yaiku:
- nentokake undheraning perkara/tema,
- nemtokake ancas utawa tujuan,
- ngumpulake dhata saka maneka sumber,
- gawe cengkorangan,
- ngrembakake cengkorangan dadi teks eksposisi



Komentar

Posting Komentar