ALAM SAWEGUNG

GEGURITAN

Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket Deming paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane Kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.

Isine teks geguritan lan niteni perangane
  Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor Iki.
  1. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni.
  2. Nggatekake ubungane larik siji kan sijine, banjur menehi tandha ngaso(/) utawa sigeg (//).
  3. Golekana teges tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang
  4. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite
  5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha kan bisa di temokake karepe.


Apa Bedane
dening Sudi Yatmono

Apa bedane prosa karo puisi
Bedane ana ati

Apa bedane ati karo gori
Bedane mung prakara bumbune
Bedane apa bumbune Karo sing dibumboni
Bedane rak mung ana ing wadhah
Apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
Kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa

Lha apa bedane manungsa karo kewan
Ah iku urusane pangeran
(Mbangun tuwuh, angka 138).

Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa Serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan Karo kahanan.

Komentar

Posting Komentar